Friday, February 10, 2006

Lagek Saiki Pekok Ngerti Mbah Kenthir Munthab Temenan

Koyok biasane, mari subuhan nang mesjid Pekok nyapu latar omahe. Koyok biasane pisan omah ngarep omahe Pekok krungu suara TV lagi nyiarno berita. Pekok nginguk delok Mbah Kenthir lagi mentelengi TVne karo nyruput wedang kopi. Pekok nerusno nyapune. Gung entek separo latar, ujug-ujug enek suara gelas pecah. "Praaang..." Mari ngono enek suara misuh-misuh teko njero omahe Mbah Kenthir. ÀMbah Kenthir metu soko omah. Raine mbrabak abang karo getem-getem koyoke pingin ngamplengi wong. Pekok rodok wedi mergane gur dekne sing enek nang kono.
"Enek opo Mbah, isuk-isuk kok wis misuh? Biasane jam misuhe sampeyan jam rolas."
"Kowe gak krungu to berita nang TV mau? Pancen diiaaancuk kok Danmak kuwi. Gateeel..."
"Sopo kuwi Danmak?"
"Guuooblok. Dasare bocah pekok. Makane jenengmu Pekok." Tangane Mbah Kenthir njeglugno Ndase Pekok. Lek gag dijeglugno ndase biasane Pekok dikethaki.
"Danmak kuwi negoro Eropa, cuk!!"
"La trus nyapo sampeyan nesu-nesu karepe dewe?"
"Mosok nggambar Nabi Muhammad koyok teroris trus dideleh koran. Wes gendeng opo sudrun sakjane? Rumangsane Nabi Muhammad kuwi sopo?"
"Lek jare sampeyan sopo?"
Tangane Mbah Kenthir maju maneh ngethak ndase pekok sakbanter-bantere.
"Aduuuooh... kok aku dikethak, Mbah?"
"Kowe wes gendeng pisan tah takon ngono kuwi? Wong Islam dudu sakjane?"
"Aku kan ora ngerti lek jarene sampeyan Nabi Muhammad kuwi sopo? La wong mben dino sampeyan senengane masang togel karo maen kiu-kiu. Tukang misuh-misuh pisan."
"Urusanku kuwi. Aku seneng misuh-misuh iki turunan, Cuk."
"Trus saiki sampeyan arep nyapo? Budhal rono trus mateni presiden Danmak ngono?"
"Pinginku ngono. Pingin tak tunjek matane asuuuu..."
"Eaalaaah Mbah... Mbah... Mbok nyebut. Rumangsane sampeyan gak butuh duik budal rono? Sampeyan oleh teko mbecak kuwi piro mben dinane? Numpak bis wae sik mabuk."
"Kowe kok tenang-tenang wae to, Ndeng! Nabimu kuwi dielek-elekne. Nabi Muhammad wes koyok bapake wong Islam. Lek bapakmu tak ilok-ilokne piye?"
"Sing jelas aku mesti nesu."
Mbah Kenthir njeglugno ndase Pekok maneh. "La ilang ngono pekokmu. Pokoke aku kudu iso budhal. Mbuh carane piye sing penting budhal. Biasane wong FVI enek sing budhal ngene iki. Kan aku iso nunut."
"Opo kuwi FVI?"
"Diiaaamput. Goblog tenan kowe. Makane sering ndelok TV karo moco koran. Arek enom kok cengohe gak karu-karuan." Pisan engkas ndase Pekok dijeglugno.
"Sek to Mbah. Wes mikir tenanan gung? Awake dewe kuwi wong cilik. Gak usah sing aneh-aneh. Gung sampek mateni presidene Danmak mesti wes dicekel pulisi kono sampeyan."
"Wes to gak usah kemeruh. Rupamu kuwi ra ngerti opo-opo."
"Ngene wae wes. Timbang gak jelas, sampeyan engko awan melu aku nang kantore VKS. Biasane enek demo."
"Wes sakkarepmu le. Gak usah ceramah. Tak budhal nggoleki wong FVI." Mari ngetak ndase Pekok, Mbah Kenthir ngetokne becake, trus dipancal mbuh nang ngendhi.
"Wo dasare wong kenthir, makane jenenge Kenthir." Pekok nggrundel karo nerusno nyaponi latar.

ardi_doangÃ

1 Comments:

At 4:25 PM, Anonymous Anonymous said...

keren cuk..

 

Post a Comment

<< Home